Basa Rejang inggih punika basa ingkang dipun-ginakaken wonten ing kabupatèn Rejang Lebong, kabupatèn Bengkulu Ler, kabupatèn Lebong, lan kabupatèn Kepahiang; samukawis kalebet ing tlatah Provinsi Bengkulu, Indhonesia. Basa Rejang gadhah aksara piyambak ingkang kawentar minangka aksara Kaganga. Aksara Kaganga mèmper kaliyan aksara sanèsipun kados aksara Batak lan aksara Lampung.
Basa Rejang dipunperang dhumateng tigang klempak dhialèk, inggih punika dhialèk Rejang Curup, Rejang Kepahiang, lan Rejang Lebong. Dhialèk ingkang dipunpocapaken wonten ing kabupatèn Bengkulu Lèr kalebet ing dhialèk Rejang Curup.
Warna-warna dhialèk ing basa Rejang
Basa Jawi
|
Dhialek Lebong
|
Dhialek Curup
|
Dhialek Kepahiang
|
kowé |
ko |
ko |
ko
|
aku |
uku |
uku |
uku
|
angsal |
lok |
lak |
lak
|
dhahar |
muk mei |
muk mi |
muk mea
|
lawuh |
lapen |
lapen |
gulea
|
krama |
betunok |
betunak |
betunak
|
sapa |
api |
api |
api
|
nami |
gen |
gen |
gen
|
aja |
jibeak |
ji’beak |
jikba
|
tabrak |
numua |
menumua |
menumur
|
dharat |
da'et |
da'et |
dahet
|
banyu |
bioa |
bioa |
bioa
|
sakedhik/sithik |
dhidhik |
dhidhik |
dhidhik
|
akèh |
dau |
deu |
deu
|
cucung |
kpau |
peu |
kpeu
|
lunga |
alau |
aleu |
aleu
|
dhaharan rebung kas Rejang |
lemea |
lema |
lema
|
dodol krambil |
pujuak |
pojoak |
glamai
|
dhusun |
sadei |
sadie |
sadea
|
duka |
mengiak |
mengiak |
mengeah
|
jongos |
jongos |
jongos |
budak
|
tempoyak |
puyok |
asem |
tepuyak
|
mangke |
be |
be |
be
|
sapunika, sapunika |
uyo |
uyo |
uyo
|
turu |
tu'un |
tu'un |
tuhun
|
jejak |
lat |
plat |
plat
|
anak |
anok |
anak |
anak
|
cicit |
piut |
piut |
piut
|
moyang |
puyang |
puyang |
puyang
|
ana |
ade |
ade |
ade
|
arep |
adep |
adep |
adep
|
piyambak |
su'ang |
su'ang |
suhang
|
sarung |
so'ong |
so'ong |
sohong
|
benjing |
memen |
memen |
memen
|
bengi |
kelmen |
kelmen |
kelmen
|
enjang |
kabuk |
kabuk |
kabuk
|
wau |
nano |
nano |
nano
|
tai |
tei |
tak tei |
tak tea
|
arti |
tai |
tei |
tei
|
tigan |
tenoa |
tenoa |
tenoa
|
asu |
kuyuk |
kuyuk |
kuyuk
|
sisah |
saro |
saro |
saro
|
ngertos |
namen |
namen |
namen
|
warsa |
taun |
taun |
taun
|
wegah |
segan |
segan |
segan
|
sawut krambil |
sobot |
sobot |
sobot
|
krambil |
nioa |
nioa |
nioa
|
mustaka |
ulau |
uleu |
uleu
|
awak |
awok |
awak |
awak
|
sikil |
kekea |
kekea |
kekea
|
tangan |
tangen |
tangen |
tangen
|
driji |
ji’ai |
ji’ei |
jihei
|
jempol |
bei tangen |
bie tangen |
béya tangen
|
tunjuk/driji panuding |
tunyuk |
tunyuk |
tunyuk
|
driji tengah |
ji’ai donok |
ji’ei donok |
jihei tengeah
|
driji manis |
ji’ai manis |
ji’ei manis |
jihei manis
|
jenthik |
anok inik/inik |
anak inik/inik |
kliking
|
indhuk driji suku |
bei kekea |
bie kekea |
béya kekea
|
wudel |
posok |
posok |
posok
|
peli |
butuak |
botoak |
botoah
|
peli |
seak |
seak |
seah
|
lonthe |
gudua |
gudua |
gudua
|
netra |
matai |
matei |
matei
|
irung |
yung |
yung |
yung
|
waja |
epen |
epen |
epen
|
talingan |
ti'uk |
ti'uk |
tihuk
|
geger |
kedong |
kedong |
kedong
|
dhadha |
dado |
dado |
dado
|
gulu |
ka’gen |
ka’gen |
kahgen
|
kuduk |
tukuk |
tukuk |
tukuk
|
silit |
pinging |
pinging |
pinging
|
dhengkul |
ulau ketot |
uleu ketot |
uleu ketot
|
kuku |
selon |
selon |
slon
|
rikma |
buk |
buk |
buk
|
lidhah |
dileak |
dileak |
dileah
|
testis |
labau |
labeu |
labeu
|
gawuk |
tatak/slit |
tatak/selit |
tatak/slit
|
susu |
susau |
suseu |
suseu
|
pupu |
balung |
balung |
balung
|
kèlèk |
béya' gelpeak |
béya' gelpeak |
beah gelpeah
|
siku asta |
sekoa |
sekoa |
sekoa
|
bahu |
ba’au |
ba’eu |
baheu
|
lathi |
bibia |
bebea |
bibih
|
selangkang |
krapang |
cakak |
cakak
|
weteng |
tenai |
tenei |
tenea
|
bathuk |
ning |
ning |
ning
|
teka |
teko |
teko |
teko
|
nitih |
bekenek |
bekenek |
bekenek
|
kondur |
belek |
belek |
belek
|
Prabèntenan dhialèk ing basa Rejang
- Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten ai; Rejang Curup nywanten ei; Rejang Kepahiang nywanten hei. Tuladhanipun: Lebong mocapaken ji’ai – Curup mocapaken ji’ei – Kepahiang mocapaken jihei.
- Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten eak; Rejang Curup nywanten eak (sami kaliyan dhialek Lebong); Rejang Kepahiang nywanten eah. Tuladhanipun: Lebong mocapaken seak – Curup mocapaken seak – Kepahiang mocapaken seah.
- Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten au; Rejang Curup nywanten eu; Rejang Kepahiang nywanten eu (sami kaliyan dhialek Curup). Tuladhanipun: Lebong mocapaken dau – Curup mocapaken deu – Kepahiang mocapaken deu.
- Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten ok; Rejang Curup nywanten ak; Rejang Kepahiang nywanten ak (sami kaliyan dhialek Curup). Tuladhanipun: Lebong mocapaken betunok – Curup mocapaken betunak – Kepahiang mocapaken betunak.
Lan wonten prabèntenan sapérangan tetembungan kanggé istilah tembung sadintenan:
- Lebong: asem; Curup: asem; Kepahiang: tepuyak (bènten)
- Lebong: lapen; Curup: lapen; Kepahiang: gulea (bènten)
- Lebong: inik; Curup: inik; Kepahiang: kliking (bènten)
- Lebong: lemea (bènten); Curup: lema; Kepahiang: lema
Prabèntenan dhialèk ugi katingal wonten ing intonasi nalika angendhika. Basa Rejang Kepahiang kapireng radi kasar, basa Rejang Curup kapireng alus, lan basa Rejang dhialèk Lebong kapireng langkung alus tinimbang Rejang Curup. Saking warna tigang dhialèk basa Rejang katelah, nggambaraken tradhisi lan tèmperamèn saking tigang warni tiyang Rejang wau.
Ugi pirsani